13 September, 2009

TOMBO ATI 2

Kopine tak srutup...
Gramang-gramang tanganku golek'i udut
Donyane padang njingglang dadi murup
Jane pingin leren udut....
Cangkeme protes... jarene kecut...
Tak sambung critane,
Men jelas akhire

Pak wali mulai ngendiko,
Babagan negoro tekan agomo
dowo..., jan koyo kali progo
Munggah-medun, koyo dalan Salaman-Wonosobo
Sikilku semuten ra kroso, mungkin kesuwen le silo

Aku tansah ndedungo
Mugio Pak wali direkso
saking sifat kamidonyan
Yang haus akan kekuasaan
yang serakah akan kedudukan
Yang menumpuk pundi-pundi kekayaan

Safari ramadhan
Bukan ajang untuk mencari simpati
Memuluskan kepentingan pribadi

Sing mlebu metu padasan jenenge Tatining Suwarni
Anyang-anyangen.... opo lagi golek simpati hihihi

Wes yo....

2 komentar:

Anonim mengatakan...

ojo wes kang.....kangen banget aQ....
nggawe sing akeh...bener2 iso ngge jampi stres....hik4567

jek iling karo tatining suwarni barang ik....!!!pernah kesemsen po kang...???hik4567

ooOOmisOOoo

Anonim mengatakan...

lha asal pas mlaku2 ngidul, tatining wira wiri tangane nggowo gayung..., bola bali werohe ngono je... aku mbek hasan nganti apal.... nganti sok tak titeni.... antik..!